Rabu, 18 November 2020

Bahasa Jawa : BAB 3 Kerukunan Basa Rinengga , Tembung Saroja, Tembung Camboran , Lan Tembung Entar

BAB 3 Kerukunan Basa Rinengga , Tembung Saroja, Tembung Camboran , Lan Tembung Entar


I. Basa Rinengga 

Basa rinengga berasal dari dua kata yaitu basa dan rinenggaBasa artinya bahasa sedangkan rinengga artinya yang dihias.

Basa rinengga yaiku karangan kang kalebu susastra rinacik mawa basa kang endah. Maksudnya adalah basa rinengga merupakan sastra bahasa yang dirangkai dengan cara menggabungkan kata-kata yang berbeda sehingga menjadi bahasa atau kalimat yang indah.

Basa rinengga dapat kamu temukan dalam acara pedhalangan, pranata cara (sambutan temanten, tedak sinten, pengetan taun anyar), tembang, dan karya tulis sastra seperti cerkak dan geguritan.

Jenis basa rinengga ada 9 yaitu:

  1. Tembung saroja
  2. Tembung entar
  3. Wangsalan
  4. Paribasan
  5. Bebasan
  6. Saloka
  7. Purwakanthi
  8. Parikan
  9. Pepindhan

II. Tembung Saroja

Tembung saroja yaiku tembung loro kang padha tegese utawa meh padha tegese banjur digawe bebarengan dadi siji.“

Tembung saroja berfungsi untuk menguatkan atau menegaskan. Sederhananya untuk memberi kesan ‘sangat’.

Contoh tembung Saroja dalam Bahasa Jawa :

  • Ajur mumur : ajur banget artinya sangat hancur.
  • Ayem tentrem : ayem banget artinya sangat tentram.
  • Abang branang : abang banget artinya sangat merah.

Tuladha atau contoh ukara menggunakan basa rinengga dari jenis tembung saroja:

  • Negeri Padhangklana iku, rakyate ayem tentemalame ijo royo royo tur rajane adil lan mangerteni.
  • Bapak menika paring sambutan namun cekak aos amargi kesesa tindak dhateng Jakarta.
  • Enjing menika alun alun prasasat kebak, jalu estri sami rawuh damel peringatan Hari Sumpah Pemuda.

III. Tembung Camboran




Tembung camboran yaiku tembung loro utawa luwih digandheng dadi siji lan nduweni teges siji. (terjemahanTembung camboran yaitu dua kata atau lebih yang digabung menjadi satu dan memiliki satu arti). Kata-kata atau istilah dalam bahasa Jawa sering diambil dari rangkaian atau gabungan beberapa kata secara utuh atau beberapa kata yang disingkat yang memiliki arti baru, salah satunya yang disebut dengan tembung camboran ini.
Contoh tembung camboran, yaiku; buku gambar, sayuk rukun, lemari kaca, guru, bangjo

Macam- macam tembung camboran, antara lain;
1. Tembung Camboran Wutuh
2. Tembung Camboran Tugel
3. Tembung Camboran Tunggal
4. Tembung Camboran Wudar

    1. Tembung Camboran Wutuh

    Camboran wutuh yaiku tembung kang dumadi saka tembung loro sing dirangkep dadi siji nanging ora nganggo ngurangi jumlah wandane, tetembungane isih wutuh. (terjemahan; Camboran wutuh yaitu kata atau istilah Jawa yang terbentuk dari dua kata yang digabung menjadi satu dan tidak mengurangi jumlah suku katanya, kata-katanya masih utuh).

    Wujude tembung camboran wutuh bisa dadi;

    a. Rerangkep determinatif (hukum DM:IND)
    Tuladha: meja tulis, pitik walik, lemari kaca, kembang kanthil, buku gambar, omah gedhong, ketan ireng, sapi powan.

    b. Baliswara (rerangken MD) katrangan utawa kaanane manggon ing sangarepe sing diterangake.
    Tuladha: Pancasila, panduputra, dasa dharma, dwi warna trisatya, kusuma bangsa, mahasiswa, perdana menteri.

    c. Tembung saroja: tembung loro sing meh padha tegese dirangkep dadi siji.
    Tuladha: andhap asor, japa mantra, sayuk rukun, papa cintraka, lara lapa, duga prayoga, sanak kandang, tandang grayon.

    d. Yogyaswara: tembung loro sing ngarep swara “a” lan sing mburi aware "i" nduweni teges lanang wadon.
    Tuladha: Dewa-dewi, Widara-widari, pemudha-pemudhi, yaksa-yaksi, siswa-siswi, raseksa-raseksi, mahasiswa-mahasiswi, kedhana-kedhini.

    f. Tembung kosok balen: (antonim; Ind)
    Tuladha: gedhe cilik, amba ciut, lanang wadon, dawa cendhak, enom tuwa, adoh cedhak, mangkat mulih, bapak ibu.

    j. Tembung nunggal (misah): tembung loro sing beda tegese nanging kerep kasebut bareng lan sesambungan raket.
    Tuladha: brambang bawang,cabe puyang,  mrica pala, meja kursi, salam laos, klasa bantal, kencur kemukus, lombok uyah.

    Contoh tembung camboran wutuh:

    • Anjaniputra = anoman
    • bala pecah = barang gampang pecah
    • bapa biyung = wong sing ngukir jiwa raga
    • buntu urang = rambut ing githok
    • gantung kepuh = ora tau ganti sandhangan
    • gantung siwur = keturunan kang kaping pitu
    • gotong mayit = anak telu wadon kabeh
    • gilir kacang = anak akeh giliran lanang wadon
    • Imogiri = araning panggonan (desa) ing Bantul
    • jaran kepang = wewangunan kaya jaran digawe saka kepang
    • juru kunci = tukang ngrumat, papan kramat, sareyan
    • kacamata = tesmak, piranti kanggo ndeleng
    • kadhal menek = araning gelung (pungkasaning gurung)
    • kala menjing = jendholan ing gulu tumrap wong lanang
    • Karangmalang = arane desa
    • maratuwa = wong tuwane bojo
    • nagasari = araning panganan
    • parang rusak = araning bathik
    • randha royal = araning panganan
    • semar mendem = araning panganan
    • tutup keyong = perangan omah kampung
    • udan riris = corak bathik
    • Wanasaba = araning kutha

    2. Tembung Camboran Tugel

    Camboran Tugel yaiku tembung sing dumadi saka tembung loro sing dirangkep dadi siji kanthi ngurangi cacahing wanda.(terjemahan; Camboran tugel yaitu kata atau istilah Jawa yang terbentuk dari dua kata yang digabung menjadi satu dengan mengurangi jumlah suku katanya).

    Wujude camboran tugel bisa dadi:

    a. Tembung garba (sandhi garban):
    Tuladha:
    1. prapta + ing = prapteng
    2. nara + pati = narpati
    3. iya + iku = yeku
    4. parama + iswara = prameswari
    5. sure + ing = sureng

    b. Tembung sing dikerata (keretabasa = jarwa dhosok)
    Tuladha:
    1. balung + kulit = lunglit
    2. du + bang = dubang
    3. gede + bagus = dhegus
    4. gawe + kadang = wedang

    c. Akronim (singkatan)
    Tuladha:
    1. sekdes = sekretaris desa
    2. pemkot = pemerintah kota
    3. pilpres = pilihan presidhen
    4. sospol = sosial politik
    5. kabag = kepala bagian

    Contoh tembung camboran tugel:

    • bangjo = abang ijo
    • kosik = mengko dhisik
    • bulik = ibu cilik
    • lunglit = balung kulit
    • dhelik = gedhe cilik
    • pakdhe = bapak gedhe
    • dhegus = gedhe bagus
    • pakpuh = bapak sepuh
    • dubang = idu abang
    • perko = emper toko
    • kakkong = tungkak bokong
    • tingwe = nglinting dhewe
    • kongel = bokong cengel
    • thukmis = bathuk klimis

    3. Tembung Camboran Tunggal

    Camboran tunggal yaiku tembung kang dumadi saka tembung loro sing dirangkep dadi siji, nanging tembung siji lan sijine wis ora kena dipisah-pisah maneh mergo wis nduweni teges anyar.(terjemahan Camboran tunggal yaitu kata atau istilah Jawa yang terbentuk dari dua kata yang digabung menjadi satu, tetapi antara satu kata dengan kata lainnya tidak bisa dipisah-pisah lagi karena sudah memiliki arti baru).

    Contoh tembung camboran tunggal:

    "balung" kuwi perangane awak sing atos dhewe
    "kuwuk" kuwi kucing alasan ora ana sing duweni
    “balung kuwuk” jenenge ceriping tela pohung diiris tipis terus digoreng garing nganti kemripik.

    • Rondho royal
    • Jaka nantang
    • Uler kaget
    • Sogok upil
    • Endhas borok
    • Jaka belek
    • Ganda rukem
    • Naga sari
    • Semar mendem
    • Dara muluk

    4. Tembung Camboran Wudar

    Camboran wudar yaiku tembung kang dumadi saka tembung loro sing dirangkep dadi siji, nanging tembung siji lan sijine isih nduwe teges dhewe-dhewe.(terjemahanCamboran wudar yaitu kata atau istilah Jawa yang terbentuk dari dua kata yang digabung menjadi satu, tetapi antara satu kata dengan kata lainnya masih memiliki arti sendiri).


    Contoh tembung camboran wudar:

    • Pelem golek
    • Wayang kulit
    • Meja tulis
    • Piring beling
    • rumah sakit
    • buku gambar
    • gunung gamping
    • honda bebek
    • pasar malem
    • gemah ripah

    IV.Tembung Entar

    Tembung entar yaiku tembung silihan kang ora kena ditegesi mung sawantahe bae. Tembung entar iki iso kedadean saka loro tembung utawa luwih kang digabung.

    Maksudnya adalah, tembung entar merupakan kata pinjaman yang dalam hal ini tidak bisa diartikan secara apa adanya.

    Dalam Bahasa Indonesia tembung entar disebut sebagai ungkapan. Dalam hal ini, banyak pula ‘ungkapan’ dalam bahasa Jawa yang mirip dengan ungkapan dalam bahasa Indonesia.

    Tuladha (contoh) tembung entar:

    • Abang kupinge: nesu artinya marah.
    • Meres pikir: temenan anggone mikirake artinya sungguh sungguh memikirkan.
    • Nandhang sungkawalagi susah artinya sedang dalam kesusahan.

    Tuladha ukara yang menggunakan tembung entar misalnya:

    • Merga apik budine, Marwan gampang banget oleh ati ing lingkungan Kampung Rambutan.
    • Weteng karet aja sok diet, mundak lara ing awak, wes ta disyukuri wae apa apa leh maringi Gusti.
    • Dadi kyai kui ora gampang, kudu bening atinejembar krawuhe lan istiqomah.

    Matematika : Pembagian Pecahan

    assallamuallaikum wr wb Selamat pagi anak-anak pada hari ini kita akan belajar : 1. Matematika : Operasi hitung pembagian pecahan   Operasi ...