Kamis, 14 Januari 2021

BAHASA DAERAH : WULANGAN 2 BASA RIENENGGA : TEMBUNG PANYANDRA, PANYENDHU, TEMBUNG PEPINDAHAN LAN PARIKAN

 Assallamuallaikum Wr. Wb

Selamat Pagi anak-anak

Selamat Hari Kamis

Hari ini Kita akan belajar Bahasa Jawa 

Sakdurunge Iku siapno Buku Tulis lan Lks

Ojo lali Sakdurunge Sinau, ndungo Marang Gusti allah 

BASA RIENENGGA yaiku TEMBUNG PANYANDRA, PANYENDHU, TEMBUNG PEPINDAHAN LAN PARIKAN 

Basa Rinengga 

Basa rinengga berasal dari dua kata yaitu basa dan rinenggaBasa artinya bahasa sedangkan rinengga artinya yang dihias.

Basa rinengga yaiku karangan kang kalebu susastra rinacik mawa basa kang endah. Maksudnya adalah basa rinengga merupakan sastra bahasa yang dirangkai dengan cara menggabungkan kata-kata yang berbeda sehingga menjadi bahasa atau kalimat yang indah.

Basa rinengga dapat kamu temukan dalam acara pedhalangan, pranata cara (sambutan temanten, tedak sinten, pengetan taun anyar), tembang, dan karya tulis sastra seperti cerkak dan geguritan.

Jenis basa rinengga ada 9 yaitu:

  1. Tembung saroja
  2. Tembung entar
  3. Wangsalan
  4. Paribasan
  5. Bebasan
  6. Saloka
  7. Purwakanthi
  8. Parikan
  9. Pepindhan
Nah Saiki pelajarane yaiku TEMBUNG PANYANDRA, PANYENDHU, TEMBUNG PEPINDAHAN LAN PARIKAN 

1. Tembung Panyandra 

Panyandra yaiku unen-unen utawa tembung kang saemper karo pepindhan kang surasane mawa tetandhing sarta ngemu teges memper utawa mirip.

tembung panyandra= awak e dhewe di elem-elem(di apik -apik)

TULADHA(CONTOHE)
1.  Alise nanggal sepisan  = arti nya alise njlarit/membentuk garis lengkung yang cantik

2.
.Bathuke nyela cendani = bathuke alus

3.
Pipine nduren sajuring  = bentuk pipine kaya duren sajuring (lancip)

4. 
Pundhake nraju mas     = pundhake rata, kiwa-tengene. Maksude pundhak kanan lan kiri sejajar.

5. 
Drijine mucuk eri          =  drijine lancip-lancip kaya pucuri ri/duri

6. 
Rambute ngandhan-andhan    = rambute ngombak (bergelombang) kaya godhong pandan/kembang bakung.

7. 
Untunge miji timun  =untune cilik-cilik rentep, rapi kaya biji timun.

Ciri Ciri Tembung Panyandra

Berikut beberapa ciri-ciri panyandra :

  • Dalam istilah sastra Jawa tradisional panyandra berarti ibarat, untuk menyatakan gambaran bagian tubuh, keadaan alam, keadaan hewan.
  • Menggambarkan sesuatu yang khusus, misalnya bagian tubuh : rambut, hidung, pipi dan mata.
  • Membandingkan sesuatu dengan sesuatu. Artinya ada dua objek sebagai pembanding dan yang dibandingkan.
  • Menggambarkan dengam melebih-lebihkan maknanya.

Fungsi Panyandra

Panyandra adalah kata kata indah yang di ucapkan sebagai gambaran terhadap suasana yang sedang diceritakan atau dihadapi.

Tembung ini disampaikan kepada semua orang yang mendengar dan melihat dengan fungsi menggambarkan keindahan, kecantikan, keadaan alam melalui kata-kata dengan menggunakan kesustraan Jawa yang tinggi.

Macam Macam Tembung Panyandra

Berdasarkan objek yang digambarkan, jenis panyandra terdiri dari beberapa macam, diantaranya :

  • Candrane Awak (Menggambarkan Tubuh Manusia)

Pada macam panyandra ini, bagian tubuh manusia dijadikan objek secara khusus.

Misalnya membuat panyandra tentang bagian tubuh pipi, kulit, hidung, rambut, gigi, tangan dan kaki.

  • Candrane Solah Bawa (Menggambarkan Tingkah Laku)

Jenis panyandra ini adalah perbandingan tingkah laku seseorang dengan objek pembanding.

  • Candrane Wong Nesu (Menggambarkan Orang Yang Sedang Marah)

Dalam bahasa Jawa, seseorang yang sedang marah di umpamakan dengan sesuatu menggunakan panyandra.

Jadi, dalam bahasa Jawa ada istilah-istilah tertentu yang digunakan sebagai perumpaan orang yang sedang marah.

  • Candrane Wong Nginum (Menggambarkan Orang Minum)

Ternyata pada bahasa Jawa, bukan hanya ada ada perumpamaan untuk orang marah saja.

Namun, juga ada perumpamaan untuk orang yang minum juga menggunakan tembung panyandra.

Candrane wong minum/nginum/ngombe dapat diartikan ketika seseorang minum makan akan terlihat bagaimana raut mukanya.

Contoh Tembung Panyandra

Berikut contot panyandra basa Jawa menurut objek yang digambarkan, diantaranya :

Candrane Awak (Menggambarkan Tubuh Manusia)

  1. Drijine mucuk eri.
  2. Payudarane nyengkir gadhing.
  3. Godheke ngudhup turi.
  4. Lengene nggendhewa pinenthang.
  5. Dedege pideksa (ngringin sungsang)
  6. Kulite kuning nemu giring.
  7. Rambute ngombak banyu (ngembang bakung).
  8. Irunge ngudhup mlathi (ngrunggih).
  9. Alise nanggal sepisan (wulen tumanggal).
  10. Idepe tumengeng tawang.
  11. Mripate ndamar kanginan (blalak-blalak).
  12. Sinome micis wutah.
  13. Untune mijil timun (rata lir ombaking warih).
  14. Pundhake nraju mas.
  15. Pipine nduren sajuring (lesung pipi).
  16. Lambene nggula sathemlik.
  17. Bangkekane nawon kemit.
  18. Pupune ngembang pudhak.
  19. Adepe tumengen tawang.
  20. Bangkeane nawon kemit
  21. Esemane kaya madu
  22. Gulune ngelung gadung
  23. Jangkahe njalak njrinjing
  24. Jempolane ngendas ula
  25. Kempole ngembang pudhak

Candrane Solah Bawa (Menggambarkan Tingkah Laku)

  1. Tandange cukat trengginas kaya jangkrik mambu kili
  2. Sumbare kaya bisa mutungake wesi gligen.
  3. Bungahe kaya ketiban daru.
  4. Lampahe mendheg-mendheg kaya sato manggih krama.
  5. Polahe wong kaya gabah den interi.
  6. Pangamuka kaya bantheng ketaton.
  7. Swarane kaya mbelah-belah bumi.
  8. Rukune kaya mimi lan mintuna.
  9. Lambeyane kaya merak kasimpir (mblarak sempal).
  10. Lakune kaya macan luwe.

Candrane Wong Nesu (Menggambarkan Orang Marah)

  1. Kumedhot padoning lathi.
  2. Waja gathik.
  3. Idep mangada-ada.
  4. Imba tepung lir kupu tarung.
  5. Netra andik angatirah.
  6. Angga mubal dahana.
  7. Jaja mengkap bang mawinga-winga.
  8. Talingan lir sinebit.

Candrane Wong Nginum (Menggambarkan Orang Minum)

1) Eka padma sari.
2) Dwi amartani.
3) Tri kawula busana.
4) Catur wanara rukem.
5) Panca sura panggah.
6) Sad guna wiweka.
7) Saptakukila warsa.
8) Hasta sacara-cara.
9) Nawa gra lupa
10) Dasa yaksa wangke

Candrane Mangsa (Menggambarkan Keadaan Musim)

  1. Satya murca ing embanan = candrane mangsa kasa. Tegese : Wiwit wit – witan padha brindhil
  2. Bantala rengka = candrane mangsa karo. Tegese : lemah – lemah padha nela ( mlethek )
  3. Suta manut bapa = crandrane mangsa ketelu. Tegese : wit gembili ( gadhung ) padha mrambat.
  4. Waspa kumembenng jroning kalbu = candrane mangsa kapat. Tegese : tuk – tuk padha pipet ( bumpet )
  5. Pancuran mas semawur ing jagat = candrane mangsa kalima. Tegese : wiwit akeh udan
  6. Rasa mulya kasucen = candrane mangsa kanem. Tegese : ungsum who – wohan mirasa
  7. Wisa kentar ing maruta = candrane mangsa kapitu. Tegese : akeh lelara
  8. Ajrah jroning kayun = candrane mangsa kawolu. Tegese : mangsane kucing gandhik
  9. Wedharing wacana mulya = candrane mangsa kasongo. Tegese : mangsane gareng muni, gangsir ngenthir
  10. Gedhong minep jroning kalbu = candrane mangsa sepuluh. Tegese : akeh kewan meteng, manuk ngendhok
  11. Sotya sinara wedi = candrane mangsa sada. Tegese : mangsane manuk gloloh
  12.  Tirta sah saking sasana = candrane mangsa desta. Tegese : mangsa pedhidhing utawa adhem

Candrane Satriya Bagus (Menggambarkan Satria Bagus)

Satriya ing Madukara Raden Janaka (Arjuna) iya Sang Pamadya padha-padha satriya wasis lan waskitha, tata, titi, titis lan trengginas, sekti mandraguna, digdaya pinunjul ing apapak, bisa manjing ajur-ajer, bisa mrojol ing akerep pratandha satriya gentur tapane, kerep nenepi ing guwa kang sirung.

Nenedha ing dewane, saka tekad kang murni lan kenceng marang pandenge. mring luhuring dhiri datan wigih ing lara, wani marang pati jroning ngaurip.

2. Tembung Pepindahan 

 Pepindhan iku tegese unen-uneng jroning sing mindhakake barang, kahanan siji karo barang utawa kahanan liyane. Pepindhan iki kerep digunakake marang adicara penganten, pagelaran wayang, sastra, lan sakpadhane.

Pembahasan

           Tuladhane tembung pepindhan lan tegese, antarane :  

  • Kuthuk kelangan babon, tegese marang polah ingkang wong sing kebingungan ngolekki sesuatu nganti ngalor-ngidul.
  • Kaya Lintang alihan, tegese cumlorot utawa cepet banget kaya kilat.
  • Ngaru napung, tegese marang polah ingkang nandhang kasusahan (Nepsu) matumpa-tumpa.
  • Niba nangi, tegese anggone nyambut gawe polahe ora leren-leren siji mari ditandangi, sijine kudu enggal ditandangi maneh.
  • Gagah prakoso kaya raden werkudara, tegese gagah, gede, lan kuwat banget.

3. Tembung Parikan 

Parikan ( Pantun ) yaiku unen-unen sing dumadi daka rong gatra utawa patang gatra lan nengenake purwakanthi (runtuting swara).
Parikan dumadi saka rong perangan:
1. Ukara purwaka / sampiran,
2. Ukara wos / isi.

Gunane purwaka yaiku kanggo narik kawigatene wong sing arep di khandani / dituturi. Sawise wong mau ketarik atine mula banjur nggatekake marang wose / isine kang baku.

Ciri-Ciri Parikan
Patokan atau ciri-ciri parikan antara lain;
a. Jumlah suku kata (wanda) dalam kalimat pertama, harus sama dengan kalimat kedua.
b. Kalimat pertama sebagai pembuka/ kalimat penarik, sedangkan kalimat ke dua merupakan isi.
c. Bunyi sajak/ persamaan bunyi kalimat pertama harus sama dengan kalimat ke dua (dalam puisi dikenal bersajak aa atau ab).
d. Parikan dapat terdiri dari 2 gatra (kalimat), dan dapat juga terdiri dari 4 gatra (kalimat).

Macam-Macam Parikan

Dalam kesenian parikan dikenal dua macam parikan, yaitu;
a. Pitutur, yaitu parikan jawa yang berfungsi untuk menyampaikan pesan berupa nasehat atau amanah.
b. Peseman, yaitu parikan jawa yang berfungsi untuk candaan/ guyonan atau sindiran.

Berikut ini beberapa contoh parikan jawa berdasarkan fungsi maupun temanya.

Carane ngarang parikan:

1. Sing dikarang dhisik yaiku wose / isine, banjur sing keri ukara purwakane.
Supaya dadi parikan sing apik, diupayaake antara purwaka lan wos duwe cacah wanda sing padha.

Tuladhane / contoh parikan :
- Tawon madu ngisep sekar
  Golek ilmu kudu sabar

- Enting-enting gula jawa
   Sabungkus isine sanga
   Sing penting kanggo pra siswa
   Urip tertib kang tumata

- Tampar taline timba
   Sing sabar sauntara

-  bumbu goreng bumbu mrica
   Kudu rukun karo kanca

-  Golek kewan Cacing ulur
    Aja lali maring sedulur

"Wajik klethik gula jawa
Kalah dhisik, ora papa"

"Wajik klethik, gula jawa
Luwih becik, sing prasaja"

"Tawon madu ngisep sekar
Calon guru, kudu sabar"

"Kembang menur ditandur ing pinggir sumur
Yen wes makmur aja lali mring sedulur"

"Semarang kaline banjir
Aja sumelang ora dipikir"

"Ana brambang sasen lima
Berjuwang labuh nagara"

"Tawon ngentup siseh gulu
Pejabat korup, ojo ditiru"

"Ngasah arit, nganti landhep
Dadi murid, kudu sregep"

"Kembang salak tanpa ganda
Sing sumanak marang kanca"

SAKWISE IKU KERJAKNE TUGAS BERIKUT : 

1. LKS HALAMAN HALAMAN 15-18 GLADEN 1, GLADEN 2, GLADEN 3, DAN GLADEN 4
2. HALAMAN 18 - 20 LATIHAN ULANGAN PADINAN
3. RANGKUMAN MATERI ING NDUWUR COBA TULISEN UTAWA DI PRINT DI TEMPELNO ING BUKU BAHASA JAWA TULIS 

Matematika : Pembagian Pecahan

assallamuallaikum wr wb Selamat pagi anak-anak pada hari ini kita akan belajar : 1. Matematika : Operasi hitung pembagian pecahan   Operasi ...