Rabu, 29 Juli 2020

BAHASA JAWA (GEGURITAN)

GEGURITAN 

 

1.    Geguritan yaiku karangan kang pinanthok kaya tembang nanging guru gatra, guru wilangan lan guru lagune ora ajeg.

2.     Geguritan uga bisa diarani iketaning bahasa kang memper syair.

3.    Tembung Geguritan asale saka tembung Gurita kang diowahi saka tembung gerita.

4.     Tembung Linggane Gita ateges tembang utawa syair.

5.    Geguritan dibagi dadi 2 yaiku Gagadrag Anyar Lan Geguritan Gagarak Lawas.

6.   Guru Lagu Yaiku araning tibaning swara ing saben pungkasaning gatra. Maksudnya guru lagu adalah jatuhnya vokal dalam setiap baris tembang macapat.

7.  Guru Wilangan Yaiku araning cacahing wanda saben gatra / baris. Hal tersebut berarti bahwa guru wilangan adalah jumlah suku kata dalam setiap baris tembang macapat.

8.   Guru Gatra yaiku arane cacahing larik / baris saben pada (bait). Bila kita terjemahkan ke dalam bahasa Indonesia yang benar, kurang lebih maksudnya guru gatra adalah jumlah baris dalam setiap bait tembang macapat.

GEGURITAN GAGRAK LAWAS / KUNA

 Yaiku gagrak lawas / kuna yaiku geguritan kang iseh kaiket ing waweton Guru gatra, Guru wilangan, lan Guru lagu, kaendahane ana ing tembung / diksinw lan migunakake Purwakanti.

Ciri-cirine geguritan Gagrak Lawas / Kuna :

  1. Diwiwiti tembung sing ngegurit.
  2. Cacahing gatra ajeg ing saben pada , paling sithik 4 gatra.
  3. Cacahing wanda gatra siji lan liyane pada akehe.
  4. Tibaning guru lagu kudu runtut.

GEGURITAN GAGRAK Anyar.

 Yaiku  geguritan anyar kang wes ora kaiket ing waweton Guru gatra, Guru wilangan, lan Guru lagu, kaendahane ana ing tembung / diksine lan luwih ngutamakake bab isi.

Ciri-cirine geguritan Anyar :

  1.   Ora pinanthok ing paugeran guru gatra , guru lagu, lan guru wilangan.
  2.   Basane Dudu basa padinan / sehari-hari.
  3.    Migunakake tembung entar / kiasan.
  4.       Ngadut rima , wirama, lan intonasi.

 Struktur / Unsur Geguritan Gagrak Anyar :

1.   Tembung

Pilihan tembung uga diarani Diksi. Lumrahe penggurit migunakake pilihan tembung kang manthes lan endah. Pilihan tembung kang endah kuwi bias nganggo basa Rinengga kayadene :

a)    Tembung entar

b)   Tembung Sarojo

c)   Tembung Payandra

d)   Tembung Caroban

e)   Purwakanthi

f)     Pepindahan lan Sapiturute

2.   Larik (Baris)

Larik ing sajaroning geguritan bias dumadi saka tembung siji wae, bias laoro (frase), uga bias nganggo ukara jangkep.

3.   Pada (bait)

Yaiku kaiketaning larik kang kasusun kanthi rapi. Saben pada lumrahe ngemu tegese/ arti kang jumbuh (Padhu)

4.   Wirama

Yaiku pemilihing aksara swara kang trep sing bisa nuwuhake pocapan kang endah.

5.   Isi (tema)

Yaiku kekarepan (gagasan baku) kang diandharake ing sajaroning geguritan.

Cara Nulis Geguritan :

1.   Nulis pengalaman apa wae sing tau dialami

2.   Milih salah sijining pengalaman sing paling dieleng minangka kanggo nulis geguritan.

3.   Nemtokake lan nulis tembung pilihan sing manthuk, endah , lan duweni makna kanggo ditulisake bahan nulis geguritan.

4.   Nulis larik-larik geguritan adhedhasar tembung pilihan sing manthuk.

5.   Ngematake lan ngowahi geguritan sing wis ditulis.

 


Matematika : Pembagian Pecahan

assallamuallaikum wr wb Selamat pagi anak-anak pada hari ini kita akan belajar : 1. Matematika : Operasi hitung pembagian pecahan   Operasi ...