Jumat, 20 Agustus 2021

Bahasa Jawa : Bab Pawarta

Tegese Pawarta

Pawarta yaiku cathetan kadadeyan utawa prastawa kang diwedharake ing sajroning tulisan ing media cetak, utawa laporan ing media elektronik. Kadadeyan utawa prastawa kang diwedharake iku awujud kadadeyan saben wektu sing ana ing ndonya iki, umpamane: lindhu (gempa bumi), perang, rudapeksa (pemerkosaan), banjir, lan liya-liyane.
Wujud pawarta : lesan lan tulisan

-Lesan :bisa digiyarake lumantar radio, TV, utawa diwaca lugas.

 -Tulisan : lumrahe kapacak ana ing ariwarti, kalawarti, lsp.

Pawarta kang kagiyarake maneka warna, mula saka iku pamigati pawarta becike nlesih kanthi patitis marang pawarta iku mau. Ora sethithik kabar kang luwih nengenake rumor utawa kabar kang durung karuwan benere. Uga akeh kabar kang isine milut kawigaten (promosi). Kosok baline ora sethithik uga pawarta wigati kang bias katemokake ing medhia massa. Dadi, pamigati kudu prigel milih lan milah pawarta kang diperlokake.

Pawarta yaiku kabar anyar utawa kedadean sing lagi dumadi ana sawijining panggonan sing bisa dicawiske liwat bentuk cetak, siaran, Internet, utawa lisan marang wong ketelu utawa wong akeh.

Kados sing wis diaturake ing nduwur wau pawarta bisa dicawesake liwat pirang-pirang bentuk kayata:
Bentuk cetak
Bisa awujud majalah/ koran contone: majalah djokolodang, majalah panjembar semangat, lan sanesipun.
Bentuk Siaran
Bentuk siaran iki pada samya kanthi liwat lisan anangeng mbutuhake media kanggo nyawisake pawarta menika. Contone: berita bahasa jawa TA TV, berita bahasa jawa JOGJA TV, berita bahasa jawa Radio Persatuan, berita bahasa jawa TV Semarang, lan sak panunggalane.
Liwat Internet
Wis genah bentuk siji iki yaiku sawijining berita basa jawa utawa pawarta basa jawa sing dicawisake lewat media internet bisa awujud website utawa blog. Contone situs sing nyawisake berita basa jawa: pawarta bahasa jawa, sesorah jawa, kumpulan cerita bahasa jawa, cerita wayang bahasa jawa, lan sak panunggalane.
Bentuk lisan
Yen bentuk lisan ini bisa dicawisake saka sapa wae, ateges warta sing dicawisake langsung saka sing ngerteni pawarta datheng tiyang ingkang pun paringi pawarta. Contone: anak marang bapak, utawa sewalike.
Unsur Pawarta
Wondene unsur-unsur ana pawarta pada karo unsur sing ana ing berita yaiku nggamblangna babagan.
Apa = Kedadean apa sing bakal dicawisake.
Sapa = Sapa sing ngalami kedadean kasebut.
Kapan = Kapan kedadean kasebut dumadi.
Kepriye = Kepriye kedadean kui bisa dumadi .
Nengndi = Ana papan ngendi kedadean kui dumadi.
Kena apa= Merga apa kedadean kasebut dumati.

Pawarta sing paling apik yaiku warta sing nduweni 5 unsur utama sing wis kasebut neng nduwur mau. Mila saking menika siring kasebut 5W + 1H.

Warta ingkang menarik kedah nduweni pirang-pirang sifat yaiku aktual, faktual utawa nyata, cekak aos, narik kawigaten utawa menarik kanggo dingerteni, unik, uga jangkep.

Matematika : Pembagian Pecahan

assallamuallaikum wr wb Selamat pagi anak-anak pada hari ini kita akan belajar : 1. Matematika : Operasi hitung pembagian pecahan   Operasi ...